Selasa, 24 Juni 2014

KAWRUH KASUSASTRAN


Kasusastran iku ana kang rinacik mawa basa gancar lan ana kang mawa basa pinathok. Kang mawa basa gancar ing ngarep wis dijlentrehake upamane: paribasan, sanepa, penyandra, isbat, lan cangkriman. Kasusastran kang rinacik mawa basa pinathok yaiku: kakawin, kidung, tembang gedhe, suluk, tembang tengahan, tembang macapat, parikan, lan geguritan. 
1) Kakawin
Tembung kakawin linggane kawi. Ing basa Indonesia diarani puisi. Dene sing diarani kakawin iku sawijining rumpakan kang adhapur:
Tembung guru, saka basa Sansekerta ghuru tegese abot utawa anteb. Dene tembung lagu saka basa Sansekerta laghu tegese entheng utawa ampang. Ing susastra kang tinulis lumrahe ditandhani: ͜   (lagu) lan (guru). Ngenani panganggone guru lan lagu iku mengkene:
a.       Yen swara wandane a, i, u,e, tandhane ͜   (lagu).
b.      Yen swara wandane ã, î, u, ö, e, o, au utawa sigeg (konsonan) tandhane – (guru).
Tuladha:
Adharma   = ͜    − ͜  
Sangsaya   = ͜    ͜    −
Mangkono = −  −  −
Puhara       = ͜    ͜    ͜  


      2)  Kidung
Tembung kidung ing seni susastra tegese nyanyian. Puisi Jawa Tengahan kang aran kidung iku pinathok ing guru gatra, yaiku cacahing gara (larik) saben sepada, guru wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra, lan guru lagu, yaiku dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra.
Tuladha:
Pangkur
Mar syuh twasira sang natha,
Sampunirang gangsal asemu tangis,
Adhuh kaki putuningsun,
Amlasaken po sira,
Utusan mangke kita patulakasru,
Maturanging apa tan asih,
Mon kahidhepeng kami.
(Kidung Ranggalawe: 11.20)

     4) Tembang Gedhe
Tembang gedhe utawa Sekar Ageng iku araning tembang kang kadadeyan saka patang gatra, saben sagatra cacahe wanda padha.
Tuladha:
Kusumastuti
Dhuh kulup putraningsun, sireku wus wanci,
Pisah lan jeneng ingwang, ywa kulineng ardi,
Becik sira neng praja, suwiteng narpati,
Amung ta wekasaningwang, ywa pegat teteki.
(KGPAA Mangkunagara IV: IV.158)
Cacahe gatra ana 4; cacahe wanda sagatrane 13, pedhotane 7-6. Mula diarani lampah 13.
      5)  Suluk
Ing kasusastran Jawa tembung suluk duwe teges loro, yaiku: (1) jenenge karya susastra kang ngemot bab kapitayan utawa filsafat, lan (2) dhapukaning lagon padhalangan ing pawayangan. Suluk ana sing cedhak karo dhapuring tembang gedhe lan kakawin, ana sing wis owah. Sulukan iku ana kang cekak, diarani Ada-ada, Lagon, lan Sendhon.
Tuladha:
a.      Suluk Jingking Wetah
Tunjung bang trate kumambang satengahing we,
Kembang sruni cundhuke para priyayi,
Kembang sana, kembang sana, cundhuke para kusuma,
Kembang druju, kembang druju, darejet dha tanpa ambu.
Kembang waru asri megare tan dangu,
Tunjung biru, kembang tengahing ranu,
Kudhupe asri dinulu.

b.      Suluk Plencung
Sri tinon langening pamyat,
Busana maneka warna,
Renggeng kencana retna bra,
Gendera layu kumitir,
Sinrang pandresing maruta,
Mantyan kumlebeting dwaja,
Syuh brastha kayi kaprapal,
Puspita anjrah ing siti,
Ron sumawur katyup ing angin,
Kukila ambyar sumebar.
(Kapethik saka: Kasusastran Jawa, E.R. Subalidinata.)

c.       Ada-ada Greget Saut
Geger siningwana,
Katrajang lampahira satriya subrata,
Ambyar buyar bubar sar-saran
Rebut dhucung mburu urip.
(Kapethik saka: Suluk, Kawruh Pedhalangan lan Macapat, Nanang Windradi)

      5)      Tembang Tengahan
Tembang tengahan iku jinising tembang kang maw basa Jawa anyar. Diarani tembang tengahan amarga ana Tembang Gedhe lan Tembang Cilik utawa Tembang Alit kang ora liya yaiku Tembang Macapat. Mula ana wong kang ngarani liya maneh, yaiku tembang dhagel, tembang tanggung, lan tembang madya.
Tembang tengahan iku kapathok ing guru gatra (cacahing gatra saben sapada), guru wilangan (cacahing wanda saben sagatra), lan guru lagu (dhong-dhing utawa tibaning swara) ing pungkasaning gatra. Tembang tengahan iku adate kanggo mbawani gendhing.
Tuladha:
Wirangrong
Den samya marsudeng budi,
Wiseka dipunwaspaos,
Aja dumeh, dumeh bisa muwus,
Yen tan pantes ugi,
Sanadyan mung sakecap,
Yen tan pantes prenahira.
(Sunan Paku Buwana IV, Wulangreh: VIII.1)

       6)      Tembang Macapat
Ana sawatara wong kang nyethakake yen aran tembang macapat amarga pamacane papat-papat. Tegese, yen nglakokake pamedhoting gatra wiwitan tiba wanda kang angka papat. Ana maneh kang nelakake amarga carane maca cepat. Nanging, apa bener jroning basa Jawa kalumrah tembung cepat. Tembang Macapat iku kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru lagu utaw dhong-dhing ing wekasaning gatra ana sing ngarani wulu suku.
Tuladha:
Sinom
            Nuladha laku utama,                          8a
Tumraping wong Tanah Jawi.                         8i
Wong Agung ing Ngeksiganda                       8a
Panembahan Senapati,                                   8i
Kepati amarsudi,                                            7i
Sudane hawa lan nepsu,                                 8u
Pinesu tapabrata,                                            7a
Tanapi ing siyang ratri,                                    8i
Amemangun karyenak tyasing sasama,           12a

      7)      Geguritan
Geguritan iku sawijining dhapur susastra kang awujud iketaning basa kang memper syair. Mula ana sing ngarani geguritan iku syair Jawa. Tembung geguritan dumadi saka tembung gurita kang minangka owah-owahan saka tembung gerita. Dene gerita iku linggane gita tegese tembang. Ing sakawit geguritan iku tinemu ing lagu-lagu dolanan.
Manut pandhapuke ukara lanpangiketing tembung, araning geguritan iku warna-warna, kayata:
a.       Rong gatra sapada, diarani gita dwigatra
b.      Telung gatra sapada, diarani gita trigatra
c.       Patang gatra sapada, diarani gita caturgatra
d.      Limang gatra sapada, diarani gita pancagatra
e.       Nem gatra sapada, diarani gita sadgatra
f.       Pitung gatra sapada, diarani gita saptagatra
g.      Wolung gatra sapada, diarani gita hasthagatra
h.      Sangang gatra sapada, diarani gita nawagatra
i.        Dhapur soneta, lan
j.        Tanpa tinamtu, diarani gita mardika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar