Thole,
menawa sliramu takon
Ana
ngendi dununge bebener
Nalika
ndunya iki wis kebag getih
Adoh
sing gawe urip
Ngumbar
angkara murka ing jagad
Biyung
amung bisa
Paring
tetenger
Kanggo
pathokan pener
Golekana
dalan sing lempeng
Aja...Aja
nganthi kebanjur sabarang polah
Sing
gemi setiti ngati-ati
Tansah
bekti marang Gusti
Makardi
lan leladi tumrap sesami
Tidak ada komentar:
Posting Komentar