Selasa, 24 Juni 2014

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA


Ungguh-ungguhing basa Jawa manut perangan gedhe ana rong warna, yaiku basa ngoko lan basa krama. Sabanjure, basa ngoko dibedak-bedakake maneh dadi: (1) ngoko kasar, (2) ngoko lugu, lan (3) ngoko andhap. Ngoko andhap dibedakake maneh dadi: (a) antya basa, lan (b) basa antya.
Basa krama dibedak-bedakake dadi: (1) krama lugu, (2) krama madya, (3) krama inggil, lan (4) krama desa. Basa krama lugu dibedakake maneh dadi: (a) wredhakrama, (b) kramantara, lan (c) mudhakrama. Basa krama madya dibedakake maneh dadi: (a) madyangoko, (b) madyantara, lan (c) madyakrama. Kejaba iku,isih ana maneh sing diarani basa kedhaton utawa bagongan.
Unggah-ungguhing basa iku gegayutan karo wong sing guneman, sing diajak guneman, lan sing digunem. Dene gunane unggah-ungguhing basa Jawa yaiku:
    1.  Basa Ngoko Kasar dienggo dening wong kang ngremehake wong sing diajak guneman  utawa dadi basane wong muring-muring utawa padudon.
    2. Basa Ngoko Lugu dienggo dening wong sing wis kulina, marang andhahan, utawa sing wis rumaket banget.
      3.    Basa Ngoko Andhap:
a.      Antya Basa dienggo dening wong sing wis supeket tur ngajeni.
b.      Basa Antya dienggo dening wong sing wis supeket, ngajeni, lan isih ditambahi tembung krama manut kepenaking rasa.
      4.    Krama Lugu:
a.      Wredhakrama dienggo tumrap wong enom, nanging ngajeni sawatara.
b.      Kramantara meh ora beda karo basa ngoko lugu, nanging akabehe tembung kang kena dikramakake digawe krama, nanging ora kena kecampuran krama inggil.
c.       Mudhakrama arupa krama alus, ngajeni, dienggo marang wong kang luwih tuwa utawa sing pantes diajeni.
      5.    Krama Madya
a.      Madya Ngoko iku nganggep sapadha-padha. Tumrap wong sing diajak guneman nganggo ndika, tembunge ngoko karo madya, nanging kaemoran krama.
b.      Madyantara iku nganggep sapadha-padha, tembunge ngoko karo madya, diselingi krama tumrap wong kang diajak guneman.
c.       Madya krama iku ngajeni sawatara, tembunge madya (tanpa ngoko, kejaba é lan aké), krama, lan krama inggil.
     6.   Krama Inggil iku ngajeni banget, nganggo dalem-dalem, culing tembung kudu cetha, sora, nanging ora atos. 
     7.  Basa Kedhaton (bagongan) iku basane para sentana abdining ratu manawa guneman ana sajroning cepuri kraton. Tembunge krama kamoran tembung basa kedhaton, tanpa krama inggil tumrap sing diajak guneman.
Tuladha unggah-ungguh ing Ukara:
1.      Basa Kasar           : Walah kowe, yen ora nguntal ya mung micek.
2.      Basa Ngoko          : Heh, Mas, saiki kowe nyambut gawe neng endi?
3.      Antya Basa           : Lho Mbak, sliramu iki wis dhahar apa durung?
4.      Basa Antya           : Mas, ora susah tindak dhewe, cukup mirengake radio bae.
5.      Wredhakrama     : Nak, bilih badhe kesah dhateng Solo, kula titip, nggih.
6.      Mudhakrama      : Mbak Yun, panjenengan saestu tindak Bali kaliyan putra?
7.      Kramantara         : Pak Bin, griya sampeyan sisih pundinipun griyanipun Bu Lik Tini?
8.      Madya Ngoko     : Alah, nDika niku lumuh, wong kari lenggah bae kok repot.
9.      Madyantara         : Dhik Sinta ngoten, durung pensiun tur pangkat pisan.
10.  Madya Krama     : Mas Win, mangke sonten rawuh kaliyan putrane, nggih!
11.  Krama Inggil       : Panjenengan dalem benjing dalu dalem aturi rawuh sarimbit. 
12. Basa Kedhaton   : Pakenira makaten boya kekirangan punapa-punapa; bebasan kentun nedha lan tilem besaos.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar