Rabu, 25 Juni 2014

NGUDHAL UKARA


Ngudhal ukara utawa ngracut ukara bisa diperang loro, yaiku manut jinise tembung lan manut ayahane (jejer, wasesa, lan lesan).
  • Ngudhal Ukara Manut Jinising Tembung
          Manut panemune Aristoteles tembung-tembung iku kaperang dadi 10 jinis. Tembung-tembung Jawa, sanajan dudu ewoning basa Indho, Jerman; minangka ancer-ancer (pedoman) bisa digawe kaya panemune Aristoteles.
           1.      Tembung Aran
     Tembung aran yaiku tembung-tembung kang nuduhake araning barang lan apa bae sing dipadhakake barang. 
       Tembung aran kena dibedakake dadi loro yaiku:
a.       Sing kasad mripat (maujud)
Sing kalebu iki: araning manungsa, kewan, tanem tuwuh, araning zat.
Tuladha: Cina, Jawa, Kancil, Puspanyidra, Mas, lsp.
b.      Sing ora kasad mripat
Sing kalebu iki: araning sesipatan, pegawean, cacah, araning lelembut lan sapiturute.

Tuladha: abange, ngremite, kewajiban, lelembut, gendruwo, lsp.

            2.      Tembung Kriya
Tembung kriya yaiku tembung-tembung kang mratelakake pegawean.
Tuladha: macul, ngladi, nyapu, nulis, tuku, lsp.


           3.      Tembung Sesulih
Tembung sesulih yaiku tembung minangka sesulihing barang utawa apa bae sing dianggep barang. Tembung sesulihing wong (purusa) dibedakake dadi telu, yaiku:
a.  Wong kapisan (utama purusa = wong sing diajak guneman): aku, kula, dalem, enyong, adalem, abdi dalem, lsp. 
b.  Wong kapindho (madya purusa = wong sing diajak guneman): kowe, sampeyan, panjenengan, ndika, keng sliro, lsp. 
c.      Wong katelu (pratama purusa = wong sing digunem): dheweke, Sardi, pak guru, lsp. 





            4.      Tembung Kaanan
Tembung kaanan iku tembung-tembung kang nerangake kaananing samubarang utawa sing dianggep barang: dhuwur, putih, mateng, enom, lsp.



            5.      Tembung Ancer-ancer
Tembung ancer-ancer yaiku tembung-tembung kang nerangake dununging papan utawa pangginan: iku, kae, ing, menyang, dhateng, lsp.

           6.      Tembung Wilangan
Tembung wilangan yaiku tembung-tembung kang nerangake cacah (gunggunging) samubarang utawa urut-urutane papaning barang: sepuluh, rolas, akeh, sajimpit, tanpa wilangan, maewu-ewu, lsp.

           7.      Tembung Pangiket
Tembung pangiket yaiku tembung-tembung kang dadi pangiket antarane ukara siji lan sijine utawa tembung siji lan sijine: lan, sarta, saha, sebab, jalaran, saha, dene, sondene, ana dene, lsp.

           8.      Tembung Katrangan
Tembung katrangan yaiku sarupaning tembung-tembung kang nerangake saliyane tembung aran.
Tuladha: - Siman mlaku banter, - Anggone nyara lirih banget, - Bijine apik temenan.
            9.      Tembung Panyilah
Tembung panyilah yaiku tembung-tembung kang mratelakake barang (lumrahe manungsa utawa kang dipadhakake karo manungsa): si, sang, para (tumrap kumpulan/grombolan): raden, lsp.

           10.  Tembung Panguwuh
Tembung panguwuh yaiku sarupaning tembung kang mratelakake: gumun, seneng, susah, sambat: adhuh, wah, huh, Oo, toblas, lah, kan, tah, pun, lsp.

  • Ngudhal Ukara Manut Ayahan (Jejer lan Wasesa)
Ngudhal ukara manut ayahan yaiku nggoleki endi jejere, wasesane, katrangan, lan lesane.
Tuladha:
1.      Wingi ibu mundhut bahan ana ing toko.
Wingi                                       : katrangan waktu
Ibu                                           : jejer
Mundhut                                 : wasesa
Ana ing toko                           : katrangan panggonan
2.      Platarane Pak Giri jembar banget.
Platarane Pak Giri                   : jejer
Jembar banget                         : wasesa
3.      Ombake segara kidul iku nggegirisi banget.
Ombake segara kidul iku         : jejer
nggegirisi banget                     : wasesa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar