Senin, 30 Juni 2014

WANGSALAN


Wangsalan yaiku unen-unen utawa rumpakan kang surasane saemper cangkriman, kanthi kasebutake batangane, nanging ora diceplosake/ mung sinandi.
Tuladha sawetara!
Wangsalan bebas/ wangsalan padinan
Tuladha:
  • Mbok aja ngrokok cendhak, neges-neges wong omongan (tegesan)
  • Eman temen isih enom kok njangan gori (gudheg)
  • Ora ketang klambi cekak, utang salang dak lakoni (kotang)
  • Kowe iku dhemene ngedom kreteg ngaku-aku (paku)
  • Pringanom rinujit-rujit. Dak kanthi sakputuse (tulus)
Wangsalan kang pikanthok ing guru wilangan
Wangsalan kang awujud ukara siji kadadeyan saka rong gatra:
·         Gatra pisan patang wanda minangka cangkriman
·         Gatra pindho wolung wanda minangka batangane
Tuladha:
  • Balung janur, apa nyata bakal sida. (sada)
  • Uler kambang, engger trima satitahe. (lintah)
  • Roning kamal, mumpung anom magurua. (sinom)
  • Jaman wakul, aja kurang ing pamengku. (wengku)
Wangsalan kang awujud ukara loro. Kadadeyan saka rong gatra:
·         Gatra pisan patang wanda, minangka cangkriman
·         Gatra pindho wolung wanda, minangka batangane
Tuladha:
Kunir pita, adheging ukara kidung (temu, pada)
Tinemune, kaseret ingkang waspada
Rambut lathi, peken alit pinggir margi (rawis, warung)
Aja uwis sinau yen durung wasis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar