Selasa, 24 Juni 2014

TATA UPACARA PENGANTEN JAWA


Perkawinan minangka bab sing wigati banget, kejaba kanggo  pengantene uga kanggo kulawarga saka pihak lelorone. Mula upacara perkawinan dadi kegiatan sing sakral, kebak makna simbolis, pitutur lan pangarep-arep, sarta donga panyuwunan marang Kang Maha Kuasa.

Tata cara penganten Jawa iku pancen mawarna-warna, gumantung dhaerahe. Wondene makna simbolis kang digunakake iku ing antarane:
1.      Janur
Ngemu rasa yen manungsa iku asale saka nur (cahaya), yaiku nur cahyaning Hyang Agung, saka bapa Nurasa, lan ibu Nurbuwat. Tetelune jumbuh dhuk dumadine donya iki saka purbaning Hyang Suksma.
2.      Godhong Ringin
Ngemu rasa ayem angayomi marang kabeh kulawargane, tansah asih tuhu kaya asihe Gusti. Werdine, madhep mantebing sedya tan wedi ing pakewuh anggayuh reh kautaman, suthik tumindak asor budi nistha lan tinggal kaprawiran.
3.      Kembar Mayang
Kembar iku padha, ora geseh ing warna. Mayang iku werdine katon wujud loro, nanging sayekti sawiji. Werdine, pindha jumbuhing karsa ngayahi kawajibaning bebrayan, abot-entheng, bungah-susah disangga bebarengan.
4.      Degan Loro
Maknane, ndhungkap asmara, pepasihan karonsih amrih tumuwuh memayu bumi budayaning urip. Yektine, mudha utama yen wis bisa ngrenggani wajibing urip, uripe wong bebrayan.

5.      Wit Gedhang sing thukul wor pisange
Pasemone, yen wis diwasa kudu tumungkul, aja sepi sawernaning ngelmu kang nyata murih slamet tan ana sambekala.
6.      Iketaning pari rong gegem, tebu wulung sing wutuh godhonge lan bongkot pucuke temu rose
Pari utawa pantun, werdine lestari uatawa lestantun oleh palakrama, raket pindha Sri Sadana lan Pertiwi. Tebu wulung tegese mulung muleng trusing kalbu anggone ngesthi nugrahaning Gusti.
Bab tebu lan cengkir ana sawenehe wong sung nggunakake jarwa dhosok (negesi kanthi ngothak-athik sakarepe dhewe). Jarene tebu iku antebing kalbu, lan cengkir iku kencenging pikir. Janjane, maknane tebu iku dudu antebing kalbu, nanging tebu iku duweni rasa manis, dene cengkir iku ana banyune sing wening. Werdine, supaya wening ing pikir, meneb ing kalbu anggone bakal netepi kuwajibaning urip ing bebrayan agung.
7.      Tarub, bleketepe, godhong alang-alang, lan godhong kluwih
Tarub iku prelambang tumurune widodari pitu jroniing wengi midodareni. Bleketepe werdine tanpa rubeda ing karya sirnaning sakeh drubiksa. Ana sawenehe wong sing nggunakake jarwa dhosok kanggo negesi tarub, jarene ditata ben enggal murub.
Semono gedhening pangarep-arep manungsa marang Gusti Allah nganti nganggo simbol-simbol sing ana ing paesan-paesan lan rerenggan, kayata: Godhong alang-alang tegese nyuwun supaya ora ana alangane. Dene godhong kluwih ngemu werdi nyuwun ben rejekine, ngelmune, keslametane, kabeh luwih-luwih, lsp.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar