Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku
perange Indonesia mungsuh Walanda. Nalika
semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan Tarumanegara,
Samudera Pasai,
Mataram lan sak panunggalane. Nalika
perang Diponegoro kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan
liya-liyane kang budhal perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah
siwijining Tumenggung ing Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot,
nanging dheweke kudu bisa ninggalake kaluargane kang ditresnani banget, iki
saderma kanggo kapentingan Negara.
Sadurunge paprangan kawiwitan Raja, Tumenggung, lan
para panasehat Raja nganakake Pasewakan Agung saperlu kanggo ngrembug babagan
perang. Ana Pasewakan Agung Raja ngutus R.Tumenggung Dipoyudo IV supaya mimpin
paprangan, banjur menehi keris kang sekti mandraguna. Ana kana Raja uga dhawuh marang R.Tumenggung Dipoyudo
IV, “Aja pisan-pisan sliramu lan wadyabalamu (prajuritmu) ngadohi benteng
pertahanane dhewe amarga bisa cilaka dadine.” Mangkana dhawuhe Raja. Pasewakan
Agung ditutup.
Kabeh padha ngerti tugase dhewe-dhewe. Ora nganti suwe
R. Tumenggung lan wadyabalane wis kumpul dadi siji ing alun-alun saperlu
nyiapake paprangan. Ana pasukan kang nggawa parang, pedhang, panah lan gaman
liyane kabeh dadi siji nyawiji ing paprangan, aba-aba muni, paprangan kawiwitan
sorak-sorak para prajurit, suwara pedhang, panah, lan bedhil dadi siji
thar…..thor……thar….thor. Akeh prajurit Mataram kang mati muspra amarga
nglanggar dhawuhe Sang Raja yaiku ngliwati benteng pertahanan. Paprangan
sansaya rame, para prajurit akeh kang tumiba amarga kena gamane Walanda.
Samparane R. Tumenggung Dipoyudo IV uga kena gamane Walanda. Ora nganti suwe
ana mburine R.Tumenggung Dipoyudo IV ana salah siwijining prajurit saka Walanda
kang ngamang-ngamang pedhang nanging tujune R. Tumenggung Dipoyudo IV bisa
nylametake awake yaiku mlumpat saka jaran kang ditunggangi. Ngengingi kahanan
kaya mangkono R.Tumenggung langsung mburu prajurit kuwi banjur dipateni.
Wusana paprangan rampung walanda bisa dikalahake,
Mataram oleh kamenangan. Sawise paprangan rampung R. Tumenggung sakwadyabala
uga para petinggi-petinggi. Walanda sing dicekel banjur digawa bali menyang kerajaan Mataram R. Tumenggung banjur sowan dhateng kanjeng Gusti
Mataram, matur menawa Walanda bisa dikalahake. Ora liya kejaba bungah ngengengi
kahanan mangkono. Kanggo balas jasa marang R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke
diangkat dadi Bupati Banjarnegara adhedhasar Resolutie Governoer General
Buitenzorg tanggal 22 agustus 1831 nomor I supaya ngisi jabatan Bupati Banjar
kang wis dibusak utawa diapus setatuse kanthi panggonan ing Banjarmangu, banjur
dikenal kanthi sebutan Banjar watu lembu. Sawise diangkat dadi Bupati
R.Tumenggung kondur ing daleme, ibune kaget banget mirsani anake bali. R.
Tumenggung matur yen dheweke wis diangkat dadi bupati.
Banjur para Walanda kang dicekel dikunjara dadi tahanane Mataram. Dadi Bupati ora gampang tumrape R. Tumenggung Dipoyudo
IV, dheweke bingung, dheweke kudu bisa nata, ngatur dhaerahe dadi dhaerah kang
subur lan makmur. Akeh banget alangane salah sijine yaiku mbludage Kali Serayu
kang dadi kendhala angele rerembugan iki dirasakake dadi beban kanggo bupati
nalika kudu ngrawuhi Pasewakan Agung ing kasunan Surakarta. Kanggo ngatasi
perkara kuwi R. Tumenggung Dipoyudo IV nggawe kaputusan yaiku mindhahake
ibukota kabupaten ing sisih kidule Kali Serayu.
R.Tumenggung banjur nggoleki dhaerah kang apik kanthi
mangembara. Ing tengahing pangumbarane dheweke dicegat bagal nanging dhasare
wong pinter geluta karo sapa wae mesthi menange. Ora mung semono ing tengah
alas R. Tumenggung uga ketemu wong wadon ayu banget ngrayu supaya ora usah
nggoleki dhaerah maneh, luwih becik urip ing tengahing alas kono karo dheweke,
sing sejatine iku iblis. R. Tumenggung mung mesem ngguyu. Banjur teka mbah-mbah
kang nuduhake yen sisih alas kana ana dhaerah kang apik nanging kanyata dhaerah mau amung jurang. Ing kana R. Tumenggung banjur
nyekel ula gedhe, ula iku ngomong “Aku aja dipeteni Den.” Dheweke banjur
ngeculake ula mau. Pungkasan
R. Tumenggung nemokake dhaerah anyar, kaanane dhaerah sing anyar iku wujude
sawah-sawah kang amba kanthi pereng-pereng kang medeni. Panggonan sing isih
sawahe (Banjar) iku digawe ibukota kabupaten (Negara) sing anyar sahengga
dhaerah iki kasebut dadi Banjarnegara (Banjar: Sawah, Negara: Kota).