Sembah
sujud bekti konjuk,
Mugi
katur Ibu mami,
Keng
putra sampun rumangsa,
Pinaringan
gesang mukti,
Urip
jaman wus mardika,
Warisan
para sepuh mami.
Nyuwun tambahing
pangestu,
Kula badhe angayahi,
Tanggung jawab marang
bangsa,
Ugi mring ibu pertiwi,
Iki pancen kuwajiban,
Keng putra wus kudu
ngerti.
Sepira awrate ibu,
Nambut karya tanpa pamrih,
Kang jinangka mung sajuga,
Gawe mulya putra-putri,
Labuhira kanthi nyawa,
Najan abot den lampahi.
Cinathet kang
resminipun,
Dhek jaman Ibu Kartini,
Dimen aja ketinggalan,
Pra ibu anggone
ngestreni
Kakung putri
bebarengan,
Mbela nagri kangge siwi.
Lamun para putri tan maju,
Bakal ringkih tembe mburi,
Awit ibu kang kuwasa,
Mulang muruk putra-putri,
Guru aneng kulawarga,
Kang kawitan jroning urip.
apa amanatnya?
BalasHapusAda terjemahannya apa ngga?
BalasHapus