Kapirit
saka andharan kang winengku ana ing sajroning ukara, ukara bisa kabedakake dadi
loro yaiku: ukara lamba (kalimat tunggal) lan ukara camboran (kalimat majemuk).
- Ukara Lamba
Ukara
lamba yaiku ukara kang medharake gagasan (ciptaning ati) mung sae bab utawa
dianggep mung sebab. Ukara iki saora-orane dumadi saka jejer lan wasesa.
Tuladha:
-
Sumini asah-asuh
-
Adhiku maca layang kabar Suara Merdeka
-
Tini lagi ndolani adhine ana ing
ngarepan
-
Yulianta sinau matematika lan basa
Indonesia
- Ukara Camboran (Rangkep)
1. Ukara
Camboran yaiku ukara kang isi andharan rangkep, dumadi saka manunggale ukara
loro utawa luwih; ukara siji lan sijine madeg dhewe-dhewe sarta isining ukara
mau ana gandheng cenenge. Tuladha:
-
Bapak maos koran, ibu dondom dene adhiku
dolanan ing latar.
-
Aku sekolah ana ing SMP, kangmasku SMA.
-
Bapak lan ibune pinter nanging putrane
bodho-bodho.
2. Ukara
Camboran kaperang dadi telu, yaiku:
a. Ukara
camboran sadrajat (kalimat majemuk setara)
Ukara camboran sadrajat
yaiku ukara kang dumadi saka lamba loro utawa luwih, kang siji-sijine ukara mau
isih madeg dhewe-dhewe sarta surasaning ukara-ukara mau ana gandheng cenenge.
Manunggale ukara-ukara
mau sarana dijejerake: dene manut panjejere:
1) Sarana
tembung pangiket kang samurwat: lan, karo, sarta dene.
Tuladha:
-
Ratman ditampa ana ing Fakultas Hukum
dene Tarna munggah kelas loro SPG.
-
Pak Mantri iku wong kang luhur bebudene
lan maneh enthengan tetulung marang liyan.
2) Sarana
tembung pangiket kang mratelakake kosok balen:
Tuladha:
-
Sinun anggone sinau mempeng banget, ewa
semono bijine tansah elek banget.
-
Pak Suta iku wong kang resikan banget
nanging putra-putrane crobo banget.
3) Sarana
tembung pangiket kang mratelakake sebab musabab:
Tuladha:
-
Yen kowe kepengin bijine apik, kudu
sregep sinau.
-
Sikilku kesleo mulane aku banjur ora
mlebu sekolah.
b. Ukara
camboran raketan (kalimat majemuk rapatan)
Ukara camboran raketan
yaiku ukara camboran kang salah siji peranganing ukara kang padha mung
dikandhakake sepisan, mula ukara camboran raketan kena kabedakake dadi:
1) Raketan
jejer
Tuladha:
-
Tini anggone adus mruput banget, banjur
dandan terus mangan nuli mangkat sekolah.
2) Raketan
wasesa
Tuladha:
-
Ibu ngresiki paturone, putrane sing
mbarep jogane, adhine kamar tamu.
3) Raketan
lesan
Tuladha:
-
Bapak nulis layang ulem, aku sing
ngamplopi, dene Pak Amat sing nyaosake menyang mitra karuh.
4) Raketan
katrangan
Tuladha:
-
Anggone tindak menyang Jakarta bapak
nitih sepur, ibu nitih bis, Bapak Bupati nitih palwa gegana.
c. Ukara
camboran sungsun (kalimat majemuk bertingkat)
Ukara camboran sungsun
yaiku ukara kang salah siji saka perangane awujud ukara; dadi mbokmenawa jejere
sing awujud ukara, mbokmenawa wasesane, lesane utawa katrangane. Ukara sing
ngganti salah siji saka peranganing ukara mau diarani gatra. Mula ana gatra
jejer, gatra wasesa, gatra lesan, lan gatra katrangan.
1) Gatra
jejer yaiku ukara kang dadi gantine jejer ing ukara baku.
Tuladha:
-
Papan sing kanggo nglairake aku ana ing
Surabaya. ... omahku ana ing Surabaya.
2) Gatra
wasesa yaiku ukara kang dadi gantine wasesa ing ukara baku.
Tuladha:
-
Bapak Lurah ing desa Sidamulya. ...
Bapakne priyayi kang dadi pinituwane ing desa Sidamulya.
3) Gatra
lesan yaiku ukara kang dadi gantine lesan ing ukara baku.
Tuladha:
-
Pegaweane sing baku makani pitik. ...
pagaweane sing baku makani kewan sing bisa nulungi uripe.
4) Gatra
katrangan yaiku ukara kang dadi gantine katrangan ukara baku.
Tuladha:
-
Kangmasku dadi dhokter ing Jakarta. ...
Kangmasku dadi dhokter ing papan sng rame dhewe sa Indonesia.
Sangat membantu :D
BalasHapusCukup membantu
BalasHapusmampir ke blogku
BalasHapusserverxyz.blogspot.com
(^_^)
nuwun
BalasHapus